Bebasan
yaiku unen-unen kang gumathok, ajeg panganggone, ngemu rasa pepindhan, dene
sing dipindhanake pakarti utawa kaanan wong.
Tuladha
:
a.
Ancik-ancik pucuking eri.
Tegese : nyambut gawe tansah minggrang-minggring
wedi yen luput.
b.
Kebo lumumpat ing palang.
Tegese : ngadili prakara ora nganggo wewaton
(pathokan ukum)
c.
Diwenehi ati ngrogoh rempela.
Tegese : wis diwenehi sethithik, malah njaluk luwih
akeh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar