I.
Identitas buku
a.
Irah-irahan : Serat Pedhalangan Ringgit Purwa
XXIV
b. Panganggit : K.G.P.A.A. Mangkunagara VII
c.
Kacithak
dening : Proyek Penerbit Buku
Sastraindonesia Dan Daerah
d.
Kacithak
warsa : 1980
e.
Kacithak
wonten : Jakarta
f.
Cacahing
lembar : 74 lembar
II.
Ringkesan
Buku
kanthi irah-irahan "SERAT PEDHALANGAN RINGGIT PURWA XXIV”dening K.G.P.A.A.
Mangkunagara VII menika nyariyosaken 6 lampahan.
1.
Lampahan
Samba ngengleng
Rikala rumiyin wonten kerajaan
ingkang naminipun kerajaan Dwarawati. Rajanipun ingging menika prabu Kresna.
Wonten kerajaan wonten perkara inggih menika bidhalipun putra mahkota inggih menika saking kerajaan. Raden
Samba asmanipun. Lajeng prabu kresna menika paring dhawuh dhumateng prabu
Baladewa supados manggihaken lajeng mbekta wangsul malih putra mahkota kala
wau. Prabu kresna ugi paring dhawuh dhumateng
raden setyaka supados bidhal dhateng praja Madukara, inggih menika
supados raden janaka ugi madosi puta mahkota menika. Raden setyaka menika boten
piyambak, ananging kaliyan raden setyaki ugi patih Udawa.
Saksampunipun dumugi wonten dalemipun
Raden Janaka, raden Setyaja lajeng cariyos babagan raden samba ingkang medal
saking kerajaan. Prabu Kresna menika paring dhawuh dhumateng raden Janaka
supados manggihaken lajeng mbekta wangsul malih prabu Samba.
Saklajengipun raden Janaka bidhal
dhateng pertapaan Gadamadana. Raden janaka menika kaliyan semar, nalagareng ugi
petruk. Wonten pertapaan raden samba kaliyan kaliyan raden gunadewa menika
nembe ngendikaaken babagan tatacaranipun tapa.
Dumuginipun wonten pertapaan
gadamadana raden Janaka nyariyosaken ancasipun rawuh wonten pertapaan menika.
Raden Samba menika lajeng nangis lan nyuwun dipunpanggihaken kaliyan dewi
hagnyanawati.
Saklajengipun, prabu baladewa,
raden Setyaka, raden Setyaki, raden Janaka, raden Samba ugi dewi Hagnyanawati
menika rawuh wonten kerajaan Dwarawati.
Sejatosipun dewi hagnyanawati
menika dipun remeni dening prabu Bomanarakusura inggih menika raja wonten
kerajaan trajutrisna. prabu Bomanarakusura menika lajeng paring dhawuh
dhumateng wadyabalanipun supados nyerang praja Dwarawati. Ananging wonten praja
Dwarawati menika para Pandhawa sampun sami siap amargi sampun mangertosi bilih
prabu Bomanarakusura badhe nyerang.
Peperangan menika ingkang menang
inggih menika saking kerajaan Dwarawati. Prabu kresna menika ngaturaken syukur
ugi panuwun dhumateng sedaya ingkang mbiyantu mbekta prabu sabda kondur kanthi
slamet.
2.
Lampahan
Bomantaka, Inggih Boma Suruhan
Prabu kresna menika badhe
njodohaken raden Arya Samba kaliyan dewi Hagnyanawati. Saklajengipun prabu
Bomanarakusura menika ngintun serat inkang wosipun rindu kaliyan raden samba.
Lajeng sri kresna menika ngidinaken.
Mangertosi menika raden janaka
anggadhahi siasat ingkang boten sae, lajeng raden janaka menika nyusul raden
samba. Siasatipun raden janaka leres menawi prabu boma wonten niat ingang boten
sae dhumateng raden samba. Wonten hutan raden janaka kepanggih kaliyan raksasa
mahudara. Lajeng raden janaka nyuwun kanthi meksa raden samba supados
dipunserahaken. Ugi raden janaka paring serat dhumateng mahudara ingkang
wosipun tantangan saking raden janaka. Raden janaka kaliyan raden samba dumugi
wonten kerajaan dwarawati lan nyariyosaken sedaya.
Mangertosi wosipun serat saking
raden janaka, prabu boma murka. Lajeng duryudana paring paring dhawuh dhumateng
dipati karna supados dados panglima perang.
Peperangan dipunmenangaken dening
pihak padhawa utawi saking kerajaan dwarawati.
3.
Lampahan
Sugatawati
Wonten kerajaan dwarawati menika
wonten pirembagan babagan kesahipun raden janaka. Lajeng prabu baladewa menika
nyariyosaken menawi prabujanaka menika dados raja ing bulukatiga. Ananging
sejatosipun menika sanes prabu janaka ananging inggih menika betharakala.
Ancasipun janaka ingkang palson inggih menika supados saged nyerang kerajaan
dwarawati.
Raden baladewa menika badhe ngajak
raden janaka wangsul dhateng dwarawati. Lan wonten kasilipun.
Wonten pratapan endragiri, begawan
endrasekti (rama saking retna wara sumbadra) saweg gerah. Lajeng begawan
endrasekti paring dhawuh dhumateng endang kusuma supados nyuwun pirsa ugi nyaosaken
jenang madurasa dhumateng retna wara sembadra. Wonten lebetipun menika dudu
jenang ananging sandhanganipun raden janaka. Lajeng endang sugatawati menika
dipun pejahi dening baladewa. Begawan endrasekti murka. Wonten ing dwarawati
janaka palsu menika kepanggih kaliyan begawan endrasekti. Janaka palsu lajeng
dipun wudani. Babar wujud bethara kala. Lajeng mlayu.
Janaka wangsul malih kanthi slamet
lajwng wonten ing taman banoncinawi.
4.
Lampahan
Sugatawati Dhaup Kaliyan Samba
Raden janaka menika badhe nikahaken
putrinupun dewi sugatawati kaliyan raden samba. Kathah sanget ingkang dipun
undhang wonten ing adicara nikahan kasebat. Wonten tengahing adicara wonten
ingkang rawuh inggih menika kerajaan garbaruci ingkang rajanipun inggih menika
kaladurgangsa. Ancasipun badhe perang ugi badhe nggagalaken adicara nikahan
kasebat. Ananging peperangan menika dipun menangaken dening praja madukara.
5.
Lampahan
Jaladara Rabi
Prabu
salya menika badhe nikahaken putranipun inggih menika dewi erawati kaliyan wasi
jaladara. Wasi jaladara menika kedah nyiapaken syaratipun, lan ingkang kathah
ugi ingkang paling awrat inggih menika putri puti remaja cacahipun 40.
Sejatosipun
kathah sanget ingang ceblok demen kaliyan dewi erawati ananging ingkang
dadosjodohipun inggih menika raden kakarsana. Raden kakarsana lajeng nyiapaken
sedaya iringan ingkang dipun dadosaken syarat kala wau.
Wontening
swasana bahagya wonten ing lebeting istana mandraka wonten kerusuhan inggih
menika sri kurupati saha kurawanipun. Raden arya bratasena majeng, lajeng para
kurawa sami medal saking istana mandraka. Sedaya rawuh nglajengaken seneng
seneng.
6.
Lampahan
Setyaki Rabi
Putri karsini bidhal saking
kerajaan tanjung pura ingkang rajanipun Raja
kasendra. Raja kasendra ngawontenaken sayembara, sinten ingkang
nemokaken saha mbekta wangsul putrinipun badhe dipunjodohaken kaliyan putri
karsini.
Dewi karsini menika dipun temokaken
wonten kratonipun prabu kalakambana, dening setyaki. Raden setyaki menika
lajeng perang lawan kalakambana, lan kalakambana seda. Lajeng raden setyaki
wangsulaken dewi karsini dhateng kerajaan tanjungpura. Ingkang saklajengipun
amargi sampun mbekta wangsul dewi karsini, raden setyaka dipun jodohaken
kaliyan dewi karsini.
III.
Kalangkungan saha pangapesanipun
buku
a.
Kalangkungan
buku
Buku kanthi irah-irahan serat
“PEDHALANGAN RINGGIT PURWA XXIV”dening K.G.P.A.A. Mangkunagara VII menika anggadhahi
kalangkungan inggih menika cariyosipun menarik, boten monoton, satemah pamaos
boten bosen
b.
Pangapesanipun
buku
Serat pedhalangan ringgit purwa
xxiv menika ugi anggadhahi pangapesan, inggih menika ngginakaken basa ingkang
awrat, satemah pamaos kedah maos serat serat menika kanthiteliti ugi dipun
bolanbaleni.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar