Kamis, 21 September 2017

Serat Pakeliran Jangkep Lampahan "Wahyu Purbasejati"





Fisik
a.       Irah-irahan                        : Serat Pakeliran Jangkep Lampahan “Wahyu Burbasejati”
b.      Penganggit                       : Purwadi
c.       Kacithak dening               : CV. Cendrawasih
d.      Kacithak warsa                : 2007
e.       Kacithak wonten              : Sukoharjo
f.        Cacahing lembar              : 108 lembar
Serat kanthi irah-irahan Serat Pakeliran Jangkep Lampahan “Wahyu Burbasejati” dening Purwadi menika saking samak ukuranipun kiranglangkung (20 x 15) cm. Lajeng saking perpaduan wani menika sae sanget. Wonten nginggil menika warni abrit ingkang dipunpadu kaliyan warni cemeng. Pamilihan warni kagem tulisan menika ugisae sanget. Katon kepenak dipun sawang. Wonten tengah samak menika ugi wonten gambar wayang inggih menika lesmana. Buku menika meawi wonten online shop naming Rp.15.000,- ananging menawi wonten toko buku ing jogja menika Rp. 17.000,- .wonten ing lebeting buku menika wonten gambar-gambar wayang naming pethak kaliyan cemeng kemawon, boten worna-warni. Kertas ingkang dipun agem menika ngagem kertas novel, satemah pamaos nyaman nalika maos. Lajeng alur saking cariyos menika nginaaken alur maju.

Cariyos
Raja Baladewa rawuh kepanggih kresna lajeng cariyos menawi panjenenganipun pikantuk sasmita saking dewa. Nalika panjenenganipun saweg sare mirsani sinar ingkang memancar dipun kruyuk handaru. Lajeng krisna kasuwun paring panjelasan babagan sasmita kasebat. Krisna boten kersa njelasaken sasmita kaebat, naming sanjang menawi wahyu Purbasejati badhe mandhap. Lajeng Baladewa dipun ajak pados wahyu kasebat. Salajengipun Kresna kaliyan Baladewa semedi wonten candhi Gandamadana.
Raja wonten Tawanggantungan ingkang gelaripun Prabu Dasakumara (sukma Dasamuka) paring dhawuh dhumateng Megayitna (Aukma indrajit) madosi Sembadra wonten Dwarawati. Lajeng megayitnya kaliyan prajurit jin dbidhal dhateng Dwarawati.
Arjuna sowan dhateng Resi Abiyasa ing Wukir Retawu. Arjuna dipundhawuhi supados bidhal dhateng Gandamadana, amargi Wahyu Purbasejati badhe mandhap. Arjuna bidhal kaliyan Punakawan. Wonten mergi dipun ganggu kaliyan jin ananging saged dipunkalahaken. Raja Puntadewa nyuwun dhumateng Bima supados madosi Arjuna, amargi sampun dangu kesah saking Amarta.
Hyang Guru dipun sowwani dening Hyang Narada, Ramawijaya ugi Lesmana (ingkang sampun alus). Lesmana kaliyan Ramawijaya dipun dhawuhi mandhap dhateng donya. Lajeng dipunkawal Hyang Narada ugi Hyang Basuki.
Bima kepanggih Anoman lajeng nyueun pirsapapan penjelmaan Wisnu. Lajeng Bima ngendika, meawi Ramajaya menika menjelma dhateng Krisna. Anoman nyuwun supados Bima kersa ngeteraken dhateng Dwarawati. Bima purun ananging Anoman kedah ngeteraken madosi Arjuna.
Juru kunci candhi Gandamadana ingkang asamanipun Jembawan kaliyan Trijaya. Panjenenganipun tiangkalih menika nengga Baladewa kaliyan Kresna ingkang saweg tapa. Wahyu menika wonten sanginggiling candhi menika, lajeng mlebet dhateng awakipu Baladewa ugi Kresna. Narada lajeng gugah Baladewa kaliyan Kresna paring pirsa menawi wahyu sampun mandhap dhateng panjenenganipun Baladewa kaliyan Kresna. Wahyu Purba menika mandhap dhateng Kresna lajeng wahyu mandhat menika mandhap dhateng Baladewa, lajeng wahyu sejati menika dhateng Arjuna. Lajeng Baladewa nyuwun pirsa kenging menapa ingkag tapa naming tiyang kalih, ananging kok ingkang pikantuk menika tiyang tiga. Narada nerangaken bilih Arjuna menika langkung rumiyin tapa wonten mriku.
Arjuna dumugi lajeng paring pakurmatan dhumateng Narada. Bima kaliyan Anoman rawuh kaepanggih Jembawan. Lajeng cariyos wiwit saking pisah ngantos perang Alengka purna. Anoman ugi ngabdi woten Dwarawati. Krisna lajeng nampi. Salajengipun sedaya kondur dhateng Dwarawati.
Raja dwarawati nrima laporan, bilih Sembadra dipunculik. Arjuna lajeng kesah ngoyak maling ingkang nyulik sembadra. Ingkang nyulik menika Megayitna. Arjuna saged ngrebut Sembadra lajeng digantos dening anoman. Ananging Megayitna saged lolos lajeng kondur dhateng Tawanggantung. Dumugi istana megayitna sanjang menawi sampun mbekta sembadra, ananging ingakng dipun persembahaken dening prabu Dasamuka menika Anoman. Raden Dasamuka menika murka, lajeng perang. Dasamuka dipun lebetaken wonten penjara wesi ing gunung Ngungrungan. Rajakresna kaliyan kluwarga Pandhawa rawuh, perang nglawan Megayitna. Megayitna saha prajuritipun kalah. Anoman dipun dhawuhi tapa wonten Kendalisada. Wonten Dwarawati Raja kresna kaliyan Pandhawa ngonjukaken raos syukur ingkang ageng.

Kalangkungan buku
Buku kanthi irah-irahan Serat Pakeliran Jangkep Lampahan “Wahyu Burbasejati” menika anggadhahi kalangkungan inggih menika cariyosipun menarik, boten monoton, satemah pamaos boten bosen
Pangapesanipun buku
Serat Pakeliran Jangkep Lampahan “Wahyu Burbasejati” menika ugi anggadhahi pangapesan, inggih menika ngginakaken basa ingkang awrat, satemah pamaos kedah maos serat serat menika kanthi teliti ugi dipun bolanbaleni. Pamaos ugi kedah anggadhi kosakata ingkang kathah.
Saran
saran meanawi badhe maos serat menika langkung saged mangertosi wosipun kanthi leres menawi kaliyan mbekta bausastra. Amargi serat menika serat pakeliran.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar