Sabtu, 14 Oktober 2017

Apes




 
(by : Farid Hanafi)
Nalika SMA, kula kaliyan kanca-kanca plesir dhateng Boyolali, Magelang, Jawa tengah. Tiang ingkang badhe bidhal Boyolali menika wonten sedasa, inggih menika : kula, galang, idham, cebret, dhipa, ardi, cebret, didik, farid, kaliyan huda. Adicara plesir menika sampun dipun samektaaken enem sasi saderengipun. Kula kaliyan kanca-kanca plesir nalika mangsa liburan semester setunggal. Adicara plesir menika bidhal dinten senen. Dhateng Boyolali menika badhe mlampah minggah redi Merbabu. Sedaya menika kempal wonten griyanipun Huda, amargi griyanipun Huda menika ingkang wonten kitha lajeng ingkang gampil. watawis tabuh sanga bidhal saking Wonosari, Gunungkidul. Kula kaliyan kanca-kanca bidhal numpak mobil. Amargi boten amot ingkang sekawan nitih sepeda motor. Sedaya piranti lumebet wonten mobil, menika ingkang dadosaken raos sumuk nalika wonten lebetipun mobil. Dereng pikantuk sepalih lampahan tumuju redi Merbabu, kanca-kanca sampun sami ngantuk, kula uga ndherek ngantuk sanget. Boten dangu lajeng sedaya sami tilem. Raos anggenipun tilem dereng dangu, ananging hawanipun sampun adhem sanget. Kanyata sampun dumugi Boyolali. Tabuh kalih welas langkung sekedhik kula sakanca dumugi wonten base camp. Sedaya menika pasuryanipun katon lemes, kesel, uga luwe. Weteng kula uga kemrucuk, lajeng kula sakanca teturo wonten mriku. Sasampunipun mari sayah, kula sakanca lajeng sholat. Toya ingkang kangge wudhu menika anyes sanget. Sedaya sami kadhemena. Salajengipun kula sakanca nedha wonten base camp. Watawis tabuh tiga sonten menika sampun sami siap mlampah minggah. Sedaya sami kempal lajeng ndonga sareng-sareng. Didik ingkang mbeta kamera lajeng damel ngrekam. Margi ingkang dipunlewati menika radi awrat.
Dereng dangu mlampah kula ngraosaken kesel. Kanyata boten namung kula ingkang ngraosaken sayah, ananging sedaya. Wonten uga ingkang masuk angin. Wonten ingkang ngraosaken badhe muntah. Alhamdulillah wonten ingkang sampun nyamektaaken obat. Salajengipun kula sakanca nglajengaken lampah. Wonten mergi saben-saben ngaso sami foto-foto. Amargi badhe dipun edit dados video. Kirang langkung kalih jam jam mlampah nembe dumugi pos 1. Kanca kula ingkang naminipun Dhipa sampun boten kiyat amargi awakipun ageng. Dhipa menika sampun ngraosaken awrat amargi kabotan mbekta tas ageng. Jebul menika sampun sonten, mirsani jam wonten tangan, sampun tabuh gangsal langkung sigang ndasa enem. Dangu kedangon sansaya peteng. Sedaya medalaken senter. Lajeng sami njagi amargi kabut wonten mergi menika kandel sanget. Boten dangu jawah deres sanget. Sedaya sami ngagem mantol. Raosipun adhem sanget amargi nginggil ngagem mantol, ngandhapipun bajir. Dados sedaya menika teles. Anggenipun sami mlampah kirang langkung sampun gangsal jam. Ananging dereng dumugi pos ingkang kagem ngedekaken tendha. Sanjangipun tiang njagi base camp kala wau namung gangsal jam. Sedaya sampun lemes, swara gludhug banter sanget, angin banter sanget. Alhamdulillah gangsal jam langkung sekedhik nembe ningali wonten maneka warna tendha. Sedaya sami ngucap syukudhumateng gusti Allah. Raosipun sampun boten karuan, sedaya teles, anyes, adhem sanget. Ngantos idham awakipun kaku. Sedaya sampun panik, wedhi menawi idham pripun-pripun. Lajeng sedaya sami sareng-sareng ngedekaken tendha. Supados Idham saget enggal-enggal ngraosaken anget. Tendha sampun saget dipun lebeti. Wonten lebet langsung kemawon nguripaken kompor kangge ngangeti tangan kaliyan awakipun idham. Alhamdulillah awakipun idham saged lemes malih. Enjingipun kiranglangkung jam gangsal menika sami sholat. Lajeng medal sami foto-foto. Lajeng wonten foto kula ingkang boten sae. Lajeng kula nyuwun tulung supados setunggal foto menika dipun busak. Sanjagipun Cebret menika saged busak. Kanyata boten setunggal ingkang dipun busak, ananging sedaya. Sedaya video kaliyan foto ingkang sampun dipun damel dening Didik menika ical sedaya. Sedaya sami mlongo, sami emosi ananging uga  sami guyu. Lajeng sedaya sami molesi cebret amargi jengkel. Kula sakanca boten dumugi pucuk amargi sami boten kiyat. Lajeng radi siang sami mandhap. Wekdal kangge mandhap menika namung sekawan jam. Kula sakanca dumugi griya kanthi slamet.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar