Asmaradana utawa Asmarandana iku sawijining jinis tembang
macapat. Tembang Asmarandana lumrahé kanggo wong sing lagi gandrung
kapirangu. Yèn dideleng wantah, Asmarandana dijupuk saka asmara kang artiné tresna, lan dahana kang artiné geni. Mula saka iku, Asmarandana isiné wuyung lan samubarang kang magepokan karo tresna.
Gegaraning wong akrami
Dudu bandha dudu rupa
Amung ati pawitané
Luput pisan kena pisan
Lamun gampang luwih gampang
Lamun angèl, angèl kalangkung
Tan kena tinumbas arta
Tidak ada komentar:
Posting Komentar