Maskumambang iku tembang macapat kang dadi pralambang jaman wong lanang lagi mrambat diwasa, ing mangsa nalika saka bocah nuju dadi manungsa kang katon ing tengahing bebrayan. Tembung maskumambang iku sesambungan antarané emas lan kumambang. Ana kang nganggep yèn Maskumambang iku tembangé wong lanang, déné yèn wadon iku Kinanthi. Watak tembang iki, lumrahé isiné kaya wong kang lagi sambat lara, katula-tula, lan sengsara.
Gereng-gereng Gathotkaca sru anangis
Sambaté mlas arsa
Luhnya marawayan mili
Gung tinamêng astanira
Tidak ada komentar:
Posting Komentar