Kamis, 28 September 2017

ORA NGIRA

Sore sore Darto bali kerja. Kaya biasane Darto mlebu ngomah kanthi ngucap salam.
“Assalamu’alaikum”
“Wa’alaikumsalam. Lagi bali le...” swarane mbakyune Darto saka njero omah.
“inggih mbak. Kula adus rumiyin nggih mbak”
“iyo lee”
Darto langsung tumuju kamar mandhi. Jalaran Darto kesusu arep buka hp. Dina iki pengumuman SBMPTN bakal di umumke jam 5.
Rampung adus Darto langsung buka hp. Darto buka web SBMPTN Ananging, wis jam 5.45 web durung iso dibuka.
“duh apa saking akehe sing bukak ya”
”ana apa to lee..”
“menika lho bu pengumuman SBMPTN kok dereng saged dipunbikak, sanjangipun jam 5 sampun badhe dipunumumaken”
“oalah, yo mboan merga durung le, kae wis adzan gek sholat sik”
“inggih ibu”
Darto baanjur bidhal masjid. Sarampunge sholat Darto mbukak pengumumane maneh. Ing ruang tamu darto lungguh karo ibune. Nunggu kasil pengumunan SBMPTN. Jebul Darto ketampa ana ing jurusan basa jawa.
“alhamdulillah”
“kepriye le hasile?”
“kula katampi wonten basa jawi UNY bu”
“alhamdulillah, sing tenanan yo lee. Mugo-mugo dadi dalanmu”
“inggih ibu, amin” Darto jawab karo mesam mesem. Banjur takok ibune.
“bu, bapak wonten pundi nggih?”
“kae ana kamar lee. Lha kepriye?”
“boten pripun-pripun buk, kadosipun saweg sare”
Darto seneng banget,  wis ora sabar pingin ospek.
Dina sing di tunggu-tunggu Darto teka, ospek dina sepisan yaiku ospek saka universitas. Wiwit dina kui Darto namatake bocah wadon. Bocah e katon sumringah. Di tamatke ora marai mboseni. Bocah wadon kui beda gugus karo si darto. Mulane darto ora ngerti jenenge. Banjur Darto takon kanca sak guguse.
“jo, kae ki sapa ya? Koe kenal ora?”
“sing endi ta dar?”
“Kae lho sing rodo lemu.”
“oalah, sing lagi nyekeli tepas wungu kae ta?”
“iyo jo, kewe kenal?” jawabe darto, selak pengen ngerti sapa jenenge
“lha kok kowe seneng sing lemu-lemu to dar? Hahaa...”
“lha empuk je, penak.“
“wah dasar, pikiranmu saru e dar”
“maksudku ki pipine jo, kan nek di jewer empuk haha”
“oalah, lak ya  ngana haha”
“ngona ngana, di takoni malah”
“weh iya, ngasi lali koe mau takon apa?”
“hemm, jo jo, kae ki jenenge sapa?”
“yo ra usah muring, lha aku angger rungu sing empuk -empuk njuk aku mikir sing ora-ora je”
“ealah jo, lha mbok ya di jawab sik”
“eh iya, jenenge to? Kae jenengi Rani”
“sik sik.. lha kok kowe ngerti jenenge?”
“lha kui ki sak SMA karo aku ya dar”
“oalah lak yo ngono. Koe duwe nomor whatsapp e?”
“ana dar”
“aku mengko dikirimi ya“
“insyaallah dar”
Wengine aku nunggu kiriman nomer whatsapp saka paijo. Ora let sue hpne darto muni
“teloleloletttttt............... teloleloletttttt............... ”
 “alhamdulillah wis dikirimi”
Banjur darto nge whatsaap si Rani. Jebul Rani yo jurusan basa jawa.
Seminggu bar Darto whatsaapan karo Rani banjur ana pembagian kelas. Jebul Darto karo Rani dadi sakelas.
“yeee. Sak kelas karo Rani aku” batine Darto.
Tanggal 1 agustus kuliah pisanan ing basa jawa. Darto ngrasa seneng banget iso ketompo ning UNY. Apamaneh sakelas karo Rani.
Darto karo Rani sansaya akrab, sansaya cedhak. Kereb dolan bareng, mangan bareng lan garap tugas bareng.
Ananging rikala wengi, Rani ngomong yen ora arep luih cedhak maneh.
Darto bingung salahe apa. Mergane dina sadurunge ora ana apa-apa. Banjur darto njaluk rani njelaske kabeh, janjane ana apa. Ananging Rani mung ngomong “ora ana apa apa”
Darto kuciwa banget, ora ngira yen arep dadi kaya ngene.
TAMAT. . .

Tidak ada komentar:

Posting Komentar