Sore
sore Darto bali kerja. Kaya biasane Darto mlebu ngomah banjur ndelehake
sepatune ana pojokan sing ora ketok saka kiwa-tengene.
“Assalamu’alaikum”
ujare Darto karo ingak-inguk nggoleki sapa sing ana ing omah.
“Wa’alaikumsalam.
Lagi bali le...” swarane mbakyune Darto saka njero pawon.
“Inggih
mbak, nembe mawon. Kula tak adus riyin nggih mbak” wangsulane Darto karo mlaku tumuju
pakiwan.
“Iya
le” mbakyune Darto mangsuli karo lunga bali ning pawon.
Darto
nyambet andhuk banjur mlebu ana pakiwan. Ora let suwe anggone adus banjur
mlayu-mlayu kesusu mlebu kamar njupuk HP. Darto ora nggatekake kiwa tengenne
amarga atine ketar-ketir karo kabar sing bakal ditrima awakke.
Kira-kira
jam lima, SBMPTN bakal diumumake.
Tangane ora sabar ngetik password ana ing hape kang bakal dianggo Darto niliki
hasil SBMPTN.
Rampung
adus Darto langsung buka hp. Darto buka web SBMPTN Ananging, wis jam enem
kurang seprapat web durung isa dibuka.
“duh
kok loadinge suwe banget ya, ngapa iki gekan, apa saking akehe sing bukak ya”
batine Darto karo mbesengut.
”ana
apa to lee..” ibune nyedhaki Darto
“menika
lho bu pengumuman SBMPTN kok dereng saged dipunbikak, sanjangipun jam 5 sampun
badhe dipunumumaken” Darto mangsuli karo ngampet emosi.
“oalah,
ya mbokan merga durung le, kae wis adzan gek sholat sik, ben padhang atine”
ibune ngandani Darto karepe ben ora kemrungsung.
“inggih
ibu”
Darto
banjur bidhal masjid. Sarampunge sholat Darto mbukak pengumumane maneh. Ing
ruang tamu Darto lungguh karo ibune. Nunggu kasil pengumunan SBMPTN. Atine
morat-marit, ndredheg, rasa kuatir ora bisa di ilangake. Begja ing begja, jebul
Darto ketampa ana ing jurusan basa jawa.
“anuuu
buuu..” ujare darto karo ambegan dawa.
“kepriye
le hasile?” ibune marani darto amarga ngrasa kuatir.
”alhamdulillah
bu” wangsulane Darto karo mlayu marani tekane ibune. Rasa bungah wis ora isa
ditutupi meneh karo Darto.
“kula
katampi wonten basa jawi wonten Jogja bu” wangsulane Darto nerusake omongane mau.
“heeeeee...
tenanee?” pitakone ibune ngampet tetese eluh ing pipi karo ngekep Darto.
“inggih
buk” ujare Darto sing uga ora bisa
ngampet tetese eluh sing.
“alhamdulillah,
tenanan ta lee?. Ora gawe-gawe to le? Yoh le. Muga-muga iku bisa dadi dalanmu
ben kowe isa nggunggahke drajate wongtuamu iki le. Sing tenanan ya le lehmu
kuliah. ” wangsulane ibune Darto karo ngelus-elus sirahe Darto.
“inggih
ibu, amin. Maturnuwun bu awit
pangestunipun” Darto jawab karo mesam-mesem. Pasuryan bapakne kang diantu-antu Darto ora
katon. Darto bingung. Banjur nyuwun pirsa ibune babagan bapakne.
“bu,
bapak wonten pundi nggih? Kok ket wau boten ketinggal?”
“kae
ana kamar lee. Lha kepriye?” wangsulane ibune bingung.
“boten
pripun-pripun bu, namung badhe ngabari bapak mawonn kok bu, mosok bunggah
boten bagi-bagi” wangsulane darto karo
mesem ngguyu sinambi marani kamare bapakne.
Ora
suwe meneh bakal ana sing jenenge OSPEK , rasane Darto wis ora sabar pingin
melu sing jenenge OSPEK. Saka wiwitan TM OSPEK rasa bunggah ing atine wis ra
bisa ditutupi meneh.
Dina
sing di tunggu-tunggu Darto teka, dina iki dina sepisanan kanggo OSPEK. Dina iki OSPEK dianakake ana ing lingkungan Universitas.
Wiwit dina kui Darto ketemu karo bocah sing nggeret atine. Darto ora bosen
namatake bocah wadon iku. Bocah e katon sumringah, Anannging bocah wadon kui
beda gugus karo si Darto. Mulane iku Darto banjur takon kanca saguguse.
“jo,
kae ki sapa ya? Koe kenal ora?” pitakone Darto pengin reti.
“sing
endi ta dar?” kancane semaur karo mucu-mucu lambene merga kebak arem-arem.
“Kae
lho sing rodo lemu.” Ujare Darto gregeten karo ngematke bocahe.
“oalah,
sing lagi nyekeli tepas ungu kae ta?” wangsulane sero banget nganti nggawe
bocahe mengo.
“ora
sero-sero jo. Ngawur we kowe ki. Piye kowe kenal ra?” jawabe darto, selak
pengen ngerti sapa jenenge
“lha
kok kowe seneng sing lemu-lemu to dar? Hahahahahahaha...” guyune nggawe padha
gilo.
“lha
empuk je, penak.“ jawabe darto, raine abang rada isin
“wah
dasar, pikiranmu saru e dar” tangane karo nyampluk awake darto ananging
alon-alon.
“maksudku
ki pipine jo, kan nek di jewer empuk haha” paijo nggarapi darto terus.
“oalah,
lak ya ngana haha” rada lerem le ngguyi
paijo.
“ngona
ngana, di takoni malah” swarane rada munggah. Merga darto wis rada mangkel.
“weh
iya, ngasi lali koe mau takon apa?” paijo ethok-ethok lali
“hemm,
jo jo, kae ki jenenge sapa?” tangane tengen nunjung ning arah wong wadon mau.
“yo
ra usah muring, lha aku angger rungu sing empuk-empuk njuk aku mikir sing
ora-ora je”
“ealah
jo, lha mbok ya di jawab sik”
“eh
iya, jenenge to? Kae jenengi Rani”
“sik
sik.. lha kok kowe ngerti jenenge?”
“lha
kui ki sak SMA karo aku ya dar”
“oalah
lak yo ngono. Koe duwe nomor whatsapp e?”
“ana
dar”
“aku
mengko dikirimi ya“
“insyaallah
dar”
Wengine
aku nunggu kiriman nomer whatsapp
saka paijo. Ora let sue hpne darto muni
“teloleloletttttt...............
teloleloletttttt............... ”
“alhamdulillah wis dikirimi”
Banjur
darto ngabari si Rani. Jebul Rani ya jurusan basa jawa.
Seminggu
bar Darto whatsaapan karo Rani banjur ana pembagian kelas. Jebul Darto karo
Rani dadi sakelas.
“yeee.
Sak kelas karo Rani aku” batine Darto.
Tanggal
1 agustus kuliah pisanan ing basa jawa. Darto ngrasa seneng banget iso kuliah
ng Jogja. Apamaneh sakelas karo Rani.
Darto
karo Rani sansaya akrab, sansaya cedhak. Kereb dolan bareng, mangan bareng lan
garap tugas bareng.
Ananging
rikala wengi, Rani ngomong yen ora arep luih cedhak maneh.
Darto
bingung salahe apa. Mergane dina sadurunge ora ana apa-apa. Banjur darto njaluk
rani njelaske kabeh, janjane ana apa. Ananging Rani mung ngomong “ora ana apa
apa”
Ing
atine Darto anane mung kuciwa sing banget-banget, ora ngira yen akhire malah
dadi kaya ngene.
TAMAT.
. .
Tidak ada komentar:
Posting Komentar