Selasa, 24 Oktober 2017

Gingsiring Tatakrama Dhumateng Tiyang Sepuh



Dhasaring Pirembagan
Tiyang jawi samenika sansaya kirang babagan tatakrama utawi unggah ungguh. Intinipun niaai-nilai budaya jawi menika sampun kirang. Tuladhanipun, wonten masarakat kiwa tengen kula bocah samenika menawi omongan dhumateng tiyang sepuh menika tasih ngginaaken basa ngoko. Kathah uga samenika malah ngginaaken basa indonesia. Amargi, miterat pamanggih tiyang samenika basa jawi sampun boten perlu sanget. Sejatosipun basa krama alus menika wigati sanget supados putra-putra saged  sami guneman kaliyan tiyang sanes uga saget mangertosi unggah-ungguh basa ingkang sae.
Tatakrama inggih menika pranatan ingkang dipun warisaken turun-temurun, ingkang ginanipun kangge guneman kaliyan tiyang sanes. Tatakrama gayut kaliyan kados pundi solah bawa utawi tingkah laku tiyang menika ingkang sae. Tiyang keturunan jawi menika sinau budaya jawi saking tiyang sepuh kaliyan lingkungan. Tuladhanipun lare menika badhe nulad solah bawa kaliyan caranipun tiyang sepuh anggenipun ngendika. Tiyang sepuh menika kedah ngajaraken dhateng lare kadospundi gesang bebrayan wonten masarakat. Tiyang sepuh jawi menika menawi lare boten anggadhahi tatakrama dhumateng tiyang sepuh biasanipun dipun paringi ukuman. Babagan menika kedah dipunlampahi amargi menawi boten anggadhahi tatakrama saged ngrisak nama klwarganipun. Boten naming wonten kluwarga, ananging ugi wonten masarakat.
Mangertosi menika, kula lan panjengan saged mangertosi menawi tiyang jawi menika njunjung tatakrama ingkangutama. Tatakrama menika ingkang wigati dhumateng tiyang ingkang langkung sepuh.
Tiyang enem anggadhahi peran ingkang penting sanget. Tiyang enem minangka penerus tradhisi budaya jawi. Ananging budaya modern ingkang mlebet menika ngemu dampak ingkang sae kaliyan kirang sae kangge tiyang enem. Pengaruh ingkang kirang sae ndadosaken tiyeng enem menika tebih saking kesadaran wontenpun pandangan budaya asli jawi. Lare jaman samenika boten malih ngginaaken basa krama alus nalika guneman kaliyan tiyang sepuh. Babagan menika ingkang ndadosaken unggah-ungguhh, tatakrama, etika boten dipun wigatosaken dening lare jaman samenika.
Wosing Pirembagan
A.    Pangertosan sikap
Sikap inggih menika pandangan utawi keyakinan ingkang dipun bentuk saking pengalaman tiyang ngengingi babagan stimulus.
B.     Tatakrama jawi
Tatakrama inggih menika adat sopan santun. Utawi saged dipun sebat unggah-ungguh, inggih menika adat istiadat ingkang gayut kaliyan interaksi sosial wonten kluwarga kaliyan wonten lingkungan masarakat.
Tatakrama saged ugi ngemu teges, tata cara utawi aturan ingkan turun temurun lajeng ngembangaken budaya kaliyan adat istiadat, ugi wonten gayutipun kaliyan interaksi sosial masarakat, ingkang ginanipun nalika guneman kaliyan tiyang sanes supados ngraketaken hubungan ingkang sae, sami hormat miterat adat istiadat jawi.
C.     Aspek tatakrama jawi
Aspek tatakrama menika wonten kalih:
a.       Tatanan basa
Utawi unggah ungguh basa yaiku adat sopan santun, tatakrama, tatasusila ngginaaken basa jawi. Undha usukipun basa kaperang dados gangsal: basa ngoko, basa krama, basa madya, basa kedhaton kaliyan basa kasar.
b.      Solah bawa
Raos hormat dhumateng tiyang sanes wonten tatakrama jawi ugi saged dipuntingali saking solah bawa (pratingkah).  Tuladhanipun nundhukaken mmustaka, asta ingkang ngapurancang. Tiyang jawi mlampah wonten ngajengipun tiyang menika awakipun radi mbungkuk, uga anggenipun ngendika boten seru-seru.
D.    Tatakrama tiyang jawi dhumateng tiyang sepuh
Wonten kluwarga, lare menika nglampahi proses penanaman nillai-nilai saking tiyang sepuh. Tiyang sepuh menika maringi utawi ngajaraken babagan tata krama dhumateng lare menika ingkang utama. Tiyang sepuh menika penting sanget peran kangge lare amargi ingakang sepisanan menika kedah tiyang sepuhipun.
Wonten budaya jawi menika tiyang enem kedah ngurmati tiyang ingkangg langkung sepuh. Sikap hormat kasebat kedah migatosaken tatanan basa kaliyan solah bawa. Kejawi saking menika ugi kedah rumuyinaken kaperluan tiyang sepuh, mirengaken saha nglakoni pitutur saking tiyang sepuh, kedah sopan saha boten nyinggung perasaan tiyang sepuh.
E.     Remaja
Remaja menika saking tulisan latiin adolescere ingkang ngemu teges tuwuh dados diwasa. Remaja menika salah satunggala mangsa ingkang kedah dipun lampahi saben tiyang.
Remaja inggih menika mangsa peralihan saking mangsa lare tumuju mangsa diwasa ingkang kirang langkung nalika yuswa kalih welas taun dumugi selikur taun. Ingkang kula amati saking laporan menika inggih menika remaja yuswa gangsalwelas dumugi wolulas tahun.
F.      Tatakrama Lare Jaman Samenika Dhumateng Tiyang Sepuh
Kula sampun nyuwun pamanggih (wawancara) dhumateng bapak Cip parsa kaliyan bapak Purna suwito ngengingi tatakrama lare jaman samenika.


(kula nembe nyuwun pamanggih dhumateng bapak Pirno suwito)


Lajeng menika kasil rekamanipun :






              (kula nembe nyuwun pamanggih dhumateng bapak Cip parsa)


Lajeng menika kasil rekamanipun :

Wosipun pamanggih saking bapak Purna suwito :
Tiyang rumiyin menika langkung sae tatakramanipun. Wontenipun samenika kirang anggenipun mbudidaya. Dangu kedangon sansaya telas. Kangge solusinipun menika kedah saking sd, smp, kaliyan sma. Pemerintah kedah migatosaken sedayanipun, boten naming pelajaran umum kemawon. Tatakrama kaliyan basa jawi menika dipun ngge wonten pundi kemawon kathah ingkang mangertos uga langkung sekeca dipun tampi masarakat.

Minggu, 22 Oktober 2017

Mung Liwat

Sore sore Darto bali kerja. Kaya biasane Darto mlebu ngomah banjur ndelehake sepatune ana pojokan sing ora ketok saka kiwa-tengene.
“Assalamu’alaikum” ujare Darto karo ingak-inguk nggoleki sapa sing ana ing omah.
“Wa’alaikumsalam. Lagi bali le...” swarane mbakyune Darto saka njero pawon.
“Inggih mbak, nembe mawon. Kula tak adus riyin nggih mbak”  wangsulane Darto karo mlaku tumuju pakiwan. 
“Iya le” mbakyune Darto mangsuli karo lunga bali ning pawon.
Darto nyambet andhuk banjur mlebu ana pakiwan. Ora let suwe anggone adus banjur mlayu-mlayu kesusu mlebu kamar njupuk HP. Darto ora nggatekake kiwa tengenne amarga atine ketar-ketir karo kabar sing bakal ditrima awakke.  
Kira-kira jam lima,  SBMPTN bakal diumumake. Tangane ora sabar ngetik password ana ing hape kang bakal dianggo Darto niliki hasil SBMPTN.
Rampung adus Darto langsung buka hp. Darto buka web SBMPTN Ananging, wis jam enem kurang seprapat web durung isa dibuka.
“duh kok loadinge suwe banget ya, ngapa iki gekan, apa saking akehe sing bukak ya” batine Darto karo mbesengut.  
”ana apa to lee..” ibune nyedhaki Darto
“menika lho bu pengumuman SBMPTN kok dereng saged dipunbikak, sanjangipun jam 5 sampun badhe dipunumumaken” Darto mangsuli karo ngampet emosi.
“oalah, ya mbokan merga durung le, kae wis adzan gek sholat sik, ben padhang atine” ibune ngandani Darto karepe ben ora kemrungsung.
“inggih ibu”
Darto banjur bidhal masjid. Sarampunge sholat Darto mbukak pengumumane maneh. Ing ruang tamu Darto lungguh karo ibune. Nunggu kasil pengumunan SBMPTN. Atine morat-marit, ndredheg, rasa kuatir ora bisa di ilangake. Begja ing begja, jebul Darto ketampa ana ing jurusan basa jawa.
“anuuu buuu..”  ujare darto karo ambegan dawa.
“kepriye le hasile?” ibune marani darto amarga ngrasa kuatir.
”alhamdulillah bu” wangsulane Darto karo mlayu marani tekane ibune. Rasa bungah wis ora isa ditutupi meneh karo Darto.
“kula katampi wonten basa jawi wonten Jogja bu” wangsulane  Darto nerusake omongane mau.
“heeeeee... tenanee?” pitakone ibune ngampet tetese eluh ing pipi karo ngekep Darto.
“inggih buk”  ujare Darto sing uga ora bisa ngampet tetese eluh sing.
“alhamdulillah, tenanan ta lee?. Ora gawe-gawe to le? Yoh le. Muga-muga iku bisa dadi dalanmu ben kowe isa nggunggahke drajate wongtuamu iki le. Sing tenanan ya le lehmu kuliah. ” wangsulane ibune Darto karo ngelus-elus sirahe Darto.
“inggih ibu, amin. Maturnuwun  bu awit pangestunipun” Darto jawab karo mesam-mesem.  Pasuryan bapakne kang diantu-antu Darto ora katon. Darto bingung. Banjur nyuwun pirsa ibune babagan bapakne.
“bu, bapak wonten pundi nggih? Kok ket wau boten ketinggal?”
“kae ana kamar lee. Lha kepriye?” wangsulane ibune bingung.
“boten pripun-pripun bu, namung badhe ngabari bapak mawonn kok bu, mosok bunggah boten  bagi-bagi” wangsulane darto karo mesem ngguyu sinambi marani kamare bapakne.
Ora suwe meneh bakal ana sing jenenge OSPEK , rasane Darto wis ora sabar pingin melu sing jenenge OSPEK. Saka wiwitan TM OSPEK rasa bunggah ing atine wis ra bisa ditutupi meneh.
Dina sing di tunggu-tunggu Darto teka, dina iki dina sepisanan kanggo OSPEK.  Dina iki OSPEK dianakake ana ing lingkungan Universitas. Wiwit dina kui Darto ketemu karo bocah sing nggeret atine. Darto ora bosen namatake bocah wadon iku. Bocah e katon sumringah, Anannging bocah wadon kui beda gugus karo si Darto. Mulane iku Darto banjur  takon kanca saguguse.
“jo, kae ki sapa ya? Koe kenal ora?” pitakone Darto pengin reti.
“sing endi ta dar?” kancane semaur karo mucu-mucu lambene merga kebak arem-arem.
“Kae lho sing rodo lemu.” Ujare Darto gregeten karo ngematke bocahe.
“oalah, sing lagi nyekeli tepas ungu kae ta?” wangsulane sero banget nganti nggawe bocahe mengo.
“ora sero-sero jo. Ngawur we kowe ki. Piye kowe kenal ra?” jawabe darto, selak pengen ngerti sapa jenenge
“lha kok kowe seneng sing lemu-lemu to dar? Hahahahahahaha...” guyune nggawe padha gilo.
“lha empuk je, penak.“ jawabe darto, raine abang rada isin
“wah dasar, pikiranmu saru e dar” tangane karo nyampluk awake darto ananging alon-alon. 
“maksudku ki pipine jo, kan nek di jewer empuk haha” paijo nggarapi darto terus.
“oalah, lak ya  ngana haha” rada lerem le ngguyi paijo.
“ngona ngana, di takoni malah” swarane rada munggah. Merga darto wis rada mangkel.
“weh iya, ngasi lali koe mau takon apa?” paijo ethok-ethok lali
“hemm, jo jo, kae ki jenenge sapa?” tangane tengen nunjung ning arah wong wadon mau.
“yo ra usah muring, lha aku angger rungu sing empuk-empuk njuk aku mikir sing ora-ora je”
“ealah jo, lha mbok ya di jawab sik”
“eh iya, jenenge to? Kae jenengi Rani”
“sik sik.. lha kok kowe ngerti jenenge?”
“lha kui ki sak SMA karo aku ya dar”
“oalah lak yo ngono. Koe duwe nomor whatsapp e?”
“ana dar”
“aku mengko dikirimi ya“
“insyaallah dar”
Wengine aku nunggu kiriman nomer whatsapp saka paijo. Ora let sue hpne darto muni
“teloleloletttttt............... teloleloletttttt............... ”
 “alhamdulillah wis dikirimi”
Banjur darto ngabari si Rani. Jebul Rani ya jurusan basa jawa.
Seminggu bar Darto whatsaapan karo Rani banjur ana pembagian kelas. Jebul Darto karo Rani dadi sakelas.
“yeee. Sak kelas karo Rani aku” batine Darto.
Tanggal 1 agustus kuliah pisanan ing basa jawa. Darto ngrasa seneng banget iso kuliah ng Jogja. Apamaneh sakelas karo Rani.
Darto karo Rani sansaya akrab, sansaya cedhak. Kereb dolan bareng, mangan bareng lan garap tugas bareng.
Ananging rikala wengi, Rani ngomong yen ora arep luih cedhak maneh.
Darto bingung salahe apa. Mergane dina sadurunge ora ana apa-apa. Banjur darto njaluk rani njelaske kabeh, janjane ana apa. Ananging Rani mung ngomong “ora ana apa apa”
Ing atine Darto anane mung kuciwa sing banget-banget, ora ngira yen akhire malah dadi kaya ngene.
TAMAT. . .