a.
Aja bungah ing pangalem,
aja susah ing panacad
Piwulangipun
: tiyang gesang menika ampun remen sanget menawi dipun alem, uga ampun susah
sanget menawi dipun cacad
Cak-cakanipun
: wonten ing masarakat menika Kula dipun alem dening tanggi kula menawi Kula
menika tiyang ingkang rajin. Kedahipun Kula menika boten sombong awit
pangalemipun menika. Wonten ugi tiyang ingkang kirang remen kaliyan kula,
lajeng Kula dipun cacad dening tiyang sanes, kedahipun kula boten susah.
Ingkang sae menika kula kedah mawas diri supados masarakat menika saged nampi
lan boten dipun cacad.
b.
Aja nggege mangsa
Piwulangipun
: tiyang gesang menika boten pareng ngrumiyini wekdal
Cak-cakanipun
: kula menawi gadhah ancas menika boten pareng ngangge dalan pintas (curang),
amargi sejatosipun ingkang nemtokaken menika Gusti Allah. Kula kedah mawas diri
dhumateng Gusti Allah.
c.
Cakra manggiling
Piwulangipun
: kahuripan menika kadosta ban ingkang mubeng.
Cak-cakanipun
: pak toni menika rumiyin tiyang ingkang sugih, anggadhahi montor kathah,
lemahipun amba, kaliyan dalem ingkang ageng. Ananging samenika piyambakipun
bangkrut lajeng boten gadhah menapa-menapa. Ingkang sae, tiyang gesang menika
kedahipun anggadhahi watak rumangsan, inggih menika percaya menawi gusti Allah
menika mirsani menapa kemawon ingkang dipunlakoni dening Pak Tomi.
d.
Ngono ya ngono, ning
aja ngono
Piwulangipun
: tiyang gesang menika menawi nindakaken menapa kemawon sacukupipun mawon,
botensah banget-banget
Cak-cakanipun
: yohanes menika tiyangipun seneng guyonan, lajeng guyonanipun menika ngluwihi
bates. Ingkang langkung sae menika tiyang gesang menika kedah daged angon rasa,
saged nemtokaken guyonan ingkang pas kaliyan wekdal saha papanipun.
e.
Giri lusi janma tan
kinira
Piwulangipun
: Tegesipun senajan mlarat (katone mlarat) ananging manungsa kados mekaten
boten pareng diina (disepelekake, dianggep asor).
Cak-cakanipun
: Darmini menika tiyang ingkang kirang sae nasibipun. Darmini menika saben dinten
nyuwun-nyuwun wonten mergi. Ananging, masarakat sekitar menika boten nyepelekke
Darmini. Menawi wonten menapa kemawon piyambakipun dipun ajak. Saking menika
saged dipun pendhet piwulangipun inggih menika dados tiyang menika kedah saged
tepaslira dhumateng tiyang sanes.
f.
Bacin-bacin iwak,
ala-ala sanak
Piwulangipun
: sanadyan elek menika taksih sedherek.
Cak-cakanipun
: Budi menika anggadhahi sedherek ingkang seneng mendhet barangipun tiyang.
Ananging menawi wonten menapa-menapa menika Buda uga paring kabar dhumateng
sedherekipun kala wau. Babagan menika ingkang kedah dipun wigatosaken. Inggih
menika Budi anggadhahi sifat tepa slira dhumateng tiyang sanesutawi sedherek.
g.
Sadumuk bathuk
sanyari bumi ditoh pati
Piwulangipun
: kehormatan utawi harga diri saha lemah menika perangan ingkang kedah dipun
jagi.
Cak-cakanipun
: pak Kasemo menika wonten ngajengipun tiyang kathah dipun damel isin dening Pak
sugito. Lajeng Pak Kasemo menika boten trima menawi panjenengannipun dipun isin
isin. Babagan menika kedah dipun lakoni dening pak Kasemo ingkang andhedhasar
watak mrawira.
h.
Emban cindhe emban
siladan
Piwulangipun
: pemimpin ingkang boten adil, ingkang beda-bedaaken antawisipun setunggal
kaliyan setunggalipun.
Cak-cakanipun
: pak Darmo menika dados dhukuh wonten salahsatunggaling tlatah. Wonten mriku
anngenipun mimpin boten sami antawisipun setunggal lan setunggalipun. Babagan
menika kedah dipun icali. Ingnagng sae menika kedah adil uga anggadhahi raos
rumangsan.
i.
Omong sing maton, aja
mung waton ngomong
Cak-cakanipun : ing kepanitiaan HIMA JAWA menika
biasanipun wonten rapat. Lajeng sami paring pamanggih. Pamanggih menika kedah
dipunwigatosaken, kedah dipun penggalih malih supados tiyang sanesipun saged
nampi. Uga kedah anggadhahi raos tepa slira.
j.
Sangkan paraning dumadi
Piwulangipun
: tiyang gesang menika kedah kemutan dhumateng asal saha tujuanipun gesang.
Cak-cakanipun
: tiyang menawi agaminipun islam menika kedah rajin sholah, siyam, zakat lan
sanesipun. Agami sanesipun ugi kedah mekaten, kedah taat kaliyan ingkang dipun
printahaken dening Gusti Allah. Gesang menika kedah anggadahi raos rumangsan.
Rumangsan dhateng menapa kemawon.
k.
Memayu hayuning
bawana
Piwulangipun
: tiyang gesang kedah nglakoni gesang kanthi watak saha perilaku ingkang
ancaasipun supados slamet ing donya, dipun paringi kasejahteraan saha
kabahagyan.
Cak-cakanipun
: tiyang menika menawi badhe menapa kemawon kedah dipun pikir sae kaliyan boten
saenipun. Kedah ngatos atos supados slamet.
l.
Mikul dhuwur mendhem
jero
Piwulangipun
: njunjung drajatipun tiyang sepuh saha nutupi sedaya ingkang awon saking
tiyang sepuh menika.
Cak-cakanipun
: kula menika usaha supados kulamenika saged lulus kanthi predikat lulusan
cumloade terbaik wonten jurusan basa jawi menika. Menika ingkang saged ngangkat
drajat tiyang sepuh.
m.
Anjagakake endhoge si
blorok
Piwulangipun
: tiyang ingkang anggadhahi pangajab marang babagan ingkang dereng tamtu
Cak-cakanipun
: tiyang ingkang pangajab supados dipun paringi warisan dening tiyang sepuh.
Kedahipun tiyang gesang menika anggadhahi raos narima ing pandum.
n.
Banyu pinerang
Piwulangipun
: sanadyan sedulur menika wonten perkawis, ananging menika boten saged medhot
paseduluran
Cak-cakanipun
: kula anggadhahi perkawis kaliyan sedulurkula, ananging pripun-pripun menika
kula taksih sedulur. Babagan menika dipunlandasi kanthi raos tepa slira.
o.
Berbudi bawa leksana
Piwulangipun
: anggadhahi watak menapa ingkang dipun andharaken bakal dipunlakoni
Cak-cakanipun
: kula badhe siyam benjing kamis, menika kula kedah siyam amargi kula sampun
sanjang menawi badhe siyam dinten menika. Babagan menika dipun landasi raos rumangsan.
p.
Dudu berase
ditempurake
Piwulangipun
: nyambung guneman antawisipun tiyang ananging boten gathuk
Cak-cakanipun
: wonten angkringan menika kula kaliyan yohanes nembe ngrembag babagan futsal
PAK. Lajeng tian menika dugi lajeng ndherek guneman menika. Ananging tian
menika boten mangertos utawi nyimpang saking babagan futsal PAK menika. Kedahipun
dados tiyang menika nyuwun pirsa menika badhe ndherek guneman.
q.
Guyon parikena
Piwulangipun
: guyonan ingkang sipatipun nyindir, ananging boten kasar.
Cak-cakanipun
: yani menika saweg mertamu dhateng griyanipun surati. Nalika dipun caosi dhaharan
yani menika ngendika menawi dhaharanipun kengidulen. Menika ingkang dipun
wastani sindhiran ingkang dados landasan inggih menika raos ngerti ing semu.
r.
Kalah cacak menang
cacak
Piwulangipun
: kawon utawi menang, kasil boten kasil, bakal dipuncobi.
Cak-cakanipun : kula
menika ngedol montor kula kangge modal dodolan sandhangan. Dodolan sandhangan
menika betahaken modal ingkang kathah. Ananging modalipun saking sadean motor
menika kirang katah. Kanthi raos wantun saha niat mugi-mugi saged sukses
anggenipun usahamenika wau. Babagan menika kedah anggadhahi raos rumangsan
dhumateng Gusti Allah.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar