Dhasaring Pirembagan
Tiyang
jawi samenika sansaya kirang babagan tatakrama utawi unggah ungguh. Intinipun
niaai-nilai budaya jawi menika sampun kirang. Tuladhanipun, wonten masarakat
kiwa tengen kula bocah samenika menawi omongan dhumateng tiyang sepuh menika
tasih ngginaaken basa ngoko. Kathah uga samenika malah ngginaaken basa
indonesia. Amargi, miterat pamanggih tiyang samenika basa jawi sampun boten
perlu sanget. Sejatosipun basa krama alus menika wigati sanget supados
putra-putra saged sami guneman kaliyan
tiyang sanes uga saget mangertosi unggah-ungguh basa ingkang sae.
Tatakrama
inggih menika pranatan ingkang dipun warisaken turun-temurun, ingkang ginanipun
kangge guneman kaliyan tiyang sanes. Tatakrama gayut kaliyan kados pundi solah bawa
utawi tingkah laku tiyang menika ingkang sae. Tiyang keturunan jawi menika
sinau budaya jawi saking tiyang sepuh kaliyan lingkungan. Tuladhanipun lare
menika badhe nulad solah bawa kaliyan caranipun tiyang sepuh anggenipun
ngendika. Tiyang sepuh menika kedah ngajaraken dhateng lare kadospundi gesang
bebrayan wonten masarakat. Tiyang sepuh jawi menika menawi lare boten anggadhahi
tatakrama dhumateng tiyang sepuh biasanipun dipun paringi ukuman. Babagan
menika kedah dipunlampahi amargi menawi boten anggadhahi tatakrama saged
ngrisak nama klwarganipun. Boten naming wonten kluwarga, ananging ugi wonten
masarakat.
Mangertosi
menika, kula lan panjengan saged mangertosi menawi tiyang jawi menika njunjung
tatakrama ingkangutama. Tatakrama menika ingkang wigati dhumateng tiyang
ingkang langkung sepuh.
Tiyang
enem anggadhahi peran ingkang penting sanget. Tiyang enem minangka penerus
tradhisi budaya jawi. Ananging budaya modern ingkang mlebet menika ngemu dampak
ingkang sae kaliyan kirang sae kangge tiyang enem. Pengaruh ingkang kirang sae
ndadosaken tiyeng enem menika tebih saking kesadaran wontenpun pandangan budaya
asli jawi. Lare jaman samenika boten malih ngginaaken basa krama alus nalika
guneman kaliyan tiyang sepuh. Babagan menika ingkang ndadosaken unggah-ungguhh,
tatakrama, etika boten dipun wigatosaken dening lare jaman samenika.
Wosing Pirembagan
A. Pangertosan
sikap
Sikap inggih menika pandangan
utawi keyakinan ingkang dipun bentuk saking pengalaman tiyang ngengingi babagan
stimulus.
B. Tatakrama
jawi
Tatakrama
inggih menika adat sopan santun. Utawi saged dipun sebat unggah-ungguh, inggih
menika adat istiadat ingkang gayut kaliyan interaksi sosial wonten kluwarga
kaliyan wonten lingkungan masarakat.
Tatakrama
saged ugi ngemu teges, tata cara utawi aturan ingkan turun temurun lajeng
ngembangaken budaya kaliyan adat istiadat, ugi wonten gayutipun kaliyan
interaksi sosial masarakat, ingkang ginanipun nalika guneman kaliyan tiyang
sanes supados ngraketaken hubungan ingkang sae, sami hormat miterat adat
istiadat jawi.
C. Aspek
tatakrama jawi
Aspek tatakrama menika
wonten kalih:
a. Tatanan
basa
Utawi unggah ungguh basa
yaiku adat sopan santun, tatakrama, tatasusila ngginaaken basa jawi. Undha
usukipun basa kaperang dados gangsal: basa ngoko, basa krama, basa madya, basa
kedhaton kaliyan basa kasar.
b. Solah
bawa
Raos hormat dhumateng
tiyang sanes wonten tatakrama jawi ugi saged dipuntingali saking solah bawa
(pratingkah). Tuladhanipun nundhukaken
mmustaka, asta ingkang ngapurancang. Tiyang jawi mlampah wonten ngajengipun
tiyang menika awakipun radi mbungkuk, uga anggenipun ngendika boten seru-seru.
D. Tatakrama
tiyang jawi dhumateng tiyang sepuh
Wonten
kluwarga, lare menika nglampahi proses penanaman nillai-nilai saking tiyang
sepuh. Tiyang sepuh menika maringi utawi ngajaraken babagan tata krama
dhumateng lare menika ingkang utama. Tiyang sepuh menika penting sanget peran
kangge lare amargi ingakang sepisanan menika kedah tiyang sepuhipun.
Wonten
budaya jawi menika tiyang enem kedah ngurmati tiyang ingkangg langkung sepuh.
Sikap hormat kasebat kedah migatosaken tatanan basa kaliyan solah bawa. Kejawi
saking menika ugi kedah rumuyinaken kaperluan tiyang sepuh, mirengaken saha
nglakoni pitutur saking tiyang sepuh, kedah sopan saha boten nyinggung perasaan
tiyang sepuh.
E. Remaja
Remaja
menika saking tulisan latiin adolescere
ingkang ngemu teges tuwuh dados diwasa. Remaja menika salah satunggala mangsa
ingkang kedah dipun lampahi saben tiyang.
Remaja
inggih menika mangsa peralihan saking mangsa lare tumuju mangsa diwasa ingkang
kirang langkung nalika yuswa kalih welas taun dumugi selikur taun. Ingkang kula
amati saking laporan menika inggih menika remaja yuswa gangsalwelas dumugi
wolulas tahun.
F. Tatakrama
Lare Jaman Samenika Dhumateng Tiyang Sepuh
Kula
sampun nyuwun pamanggih (wawancara) dhumateng bapak Cip parsa kaliyan bapak
Purna suwito ngengingi tatakrama lare jaman samenika.
(kula
nembe nyuwun pamanggih dhumateng bapak Pirno suwito)
Lajeng menika kasil
rekamanipun :
(kula nembe nyuwun pamanggih dhumateng
bapak Cip parsa)
Lajeng menika kasil
rekamanipun :
Wosipun pamanggih saking
bapak Purna suwito :
Tiyang rumiyin menika langkung sae
tatakramanipun. Wontenipun samenika kirang anggenipun mbudidaya. Dangu kedangon
sansaya telas. Kangge solusinipun menika kedah saking sd, smp, kaliyan sma.
Pemerintah kedah migatosaken sedayanipun, boten naming pelajaran umum kemawon.
Tatakrama kaliyan basa jawi menika dipun ngge wonten pundi kemawon kathah
ingkang mangertos uga langkung sekeca dipun tampi masarakat.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar