Sabtu, 30 September 2017

MIJIL

Mijil iku artine lair utawa metu. Ing jajaran tembang macapat, Mijil lumrahé disèlèhké ing ngarep. Saben pada, tembang iki ana enem gatra (larik),

Mijil ing donya siniwi ratri
Kabèh durung katon
Amung anjali soca ing tembé
Lelaku alon siniji-siji
Nunggu mring wartaning
Sesotya satuhu

Kamis, 28 September 2017

ORA NGIRA

Sore sore Darto bali kerja. Kaya biasane Darto mlebu ngomah kanthi ngucap salam.
“Assalamu’alaikum”
“Wa’alaikumsalam. Lagi bali le...” swarane mbakyune Darto saka njero omah.
“inggih mbak. Kula adus rumiyin nggih mbak”
“iyo lee”
Darto langsung tumuju kamar mandhi. Jalaran Darto kesusu arep buka hp. Dina iki pengumuman SBMPTN bakal di umumke jam 5.
Rampung adus Darto langsung buka hp. Darto buka web SBMPTN Ananging, wis jam 5.45 web durung iso dibuka.
“duh apa saking akehe sing bukak ya”
”ana apa to lee..”
“menika lho bu pengumuman SBMPTN kok dereng saged dipunbikak, sanjangipun jam 5 sampun badhe dipunumumaken”
“oalah, yo mboan merga durung le, kae wis adzan gek sholat sik”
“inggih ibu”
Darto baanjur bidhal masjid. Sarampunge sholat Darto mbukak pengumumane maneh. Ing ruang tamu darto lungguh karo ibune. Nunggu kasil pengumunan SBMPTN. Jebul Darto ketampa ana ing jurusan basa jawa.
“alhamdulillah”
“kepriye le hasile?”
“kula katampi wonten basa jawi UNY bu”
“alhamdulillah, sing tenanan yo lee. Mugo-mugo dadi dalanmu”
“inggih ibu, amin” Darto jawab karo mesam mesem. Banjur takok ibune.
“bu, bapak wonten pundi nggih?”
“kae ana kamar lee. Lha kepriye?”
“boten pripun-pripun buk, kadosipun saweg sare”
Darto seneng banget,  wis ora sabar pingin ospek.
Dina sing di tunggu-tunggu Darto teka, ospek dina sepisan yaiku ospek saka universitas. Wiwit dina kui Darto namatake bocah wadon. Bocah e katon sumringah. Di tamatke ora marai mboseni. Bocah wadon kui beda gugus karo si darto. Mulane darto ora ngerti jenenge. Banjur Darto takon kanca sak guguse.
“jo, kae ki sapa ya? Koe kenal ora?”
“sing endi ta dar?”
“Kae lho sing rodo lemu.”
“oalah, sing lagi nyekeli tepas wungu kae ta?”
“iyo jo, kewe kenal?” jawabe darto, selak pengen ngerti sapa jenenge
“lha kok kowe seneng sing lemu-lemu to dar? Hahaa...”
“lha empuk je, penak.“
“wah dasar, pikiranmu saru e dar”
“maksudku ki pipine jo, kan nek di jewer empuk haha”
“oalah, lak ya  ngana haha”
“ngona ngana, di takoni malah”
“weh iya, ngasi lali koe mau takon apa?”
“hemm, jo jo, kae ki jenenge sapa?”
“yo ra usah muring, lha aku angger rungu sing empuk -empuk njuk aku mikir sing ora-ora je”
“ealah jo, lha mbok ya di jawab sik”
“eh iya, jenenge to? Kae jenengi Rani”
“sik sik.. lha kok kowe ngerti jenenge?”
“lha kui ki sak SMA karo aku ya dar”
“oalah lak yo ngono. Koe duwe nomor whatsapp e?”
“ana dar”
“aku mengko dikirimi ya“
“insyaallah dar”
Wengine aku nunggu kiriman nomer whatsapp saka paijo. Ora let sue hpne darto muni
“teloleloletttttt............... teloleloletttttt............... ”
 “alhamdulillah wis dikirimi”
Banjur darto nge whatsaap si Rani. Jebul Rani yo jurusan basa jawa.
Seminggu bar Darto whatsaapan karo Rani banjur ana pembagian kelas. Jebul Darto karo Rani dadi sakelas.
“yeee. Sak kelas karo Rani aku” batine Darto.
Tanggal 1 agustus kuliah pisanan ing basa jawa. Darto ngrasa seneng banget iso ketompo ning UNY. Apamaneh sakelas karo Rani.
Darto karo Rani sansaya akrab, sansaya cedhak. Kereb dolan bareng, mangan bareng lan garap tugas bareng.
Ananging rikala wengi, Rani ngomong yen ora arep luih cedhak maneh.
Darto bingung salahe apa. Mergane dina sadurunge ora ana apa-apa. Banjur darto njaluk rani njelaske kabeh, janjane ana apa. Ananging Rani mung ngomong “ora ana apa apa”
Darto kuciwa banget, ora ngira yen arep dadi kaya ngene.
TAMAT. . .

Rabu, 27 September 2017

POCUNG

Pucung, saka Kamus Bahasa Jawa Kuna P.J Zoetmulder kaca 868 duwe loro arti. Sepisan tegese botol, wadhah gelas. Pucung (amucung) teges sing kapindho ya iku mengunjungi utawa memasuki dengan diam-diam. Pucung iku uga jeneng kéwan cilik.
Ananging Pucung uga nduwé watak liya. Pucung iku jenengé wiji woh-wohan. Wanda cung uga marai gawé rasa seger kang ngélingaké marang perkara kang lucu kaya déné isih jaman dikuncung. Tembang iki asring dienggo tembang-tembang kang uga lucu, kaya ta parikan utawa bedhèkan.

Ngelmu iku kelakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
setya budya pangekesing dur angkara

Selasa, 26 September 2017

PANGKUR

Pangkur iku tembang macapat kang nduwé watak munggah ndhuwur. Manawi badhé nggayuh kaliyan gepok sénggol kaliyan kasaénan, kita kedah saged nyimpangi, lan sampun saged mungkur. Inggih punika nyimpangi bab-bab inkang damel gendra, damel dredhah, mungkuraken kadonyan. Upama piwulang, iku piwulang kang dhuwur. Upama tresna, iku tresna kang pinunjul. Seka tetembangan iki banjur akèh manéka warna tembang lan gegendhingan kang nganggo jeneng pangkur, antarané: pangkur jenggleng, pangkur palaran, pangkur lombok, lan liya-liyané.

Sekar Pangkur kang winarna
lelabuhan kang kanggo wong aurip
ala lan becik puniku
prayoga kawruhana
adat waton punika dipunkadulu
miwa ingkang tatakrama
den keesthi siyang ratri

Senin, 25 September 2017

DURMA

Durma inggih punika salah setunggaling tembang macapat kang gadhah watak galak lan wani. Durma punika mundur saking Ma lima inggih punika nyingkiri madat, madon, main, minum, lan maling. Wonten kalamangsanipun Durma ugi ngemu kahanan ingkang serem lan saged marai ajrih. Durma kelebet tembang ingkang wingit.

Kaé manungsa golèk upa angkara,
Sesingidan mawuni,
ngGawa bandha donya,
mBuwang rasa agama,
Nyingkiri sesanti ati,
Tan wedi dosa,
Tan èling bakal mati,

Minggu, 24 September 2017

ASMARANDANA

Asmaradana utawa Asmarandana iku sawijining jinis tembang macapat. Tembang Asmarandana lumrahé kanggo wong sing lagi gandrung kapirangu. Yèn dideleng wantah, Asmarandana dijupuk saka asmara kang artiné tresna, lan dahana kang artiné geni. Mula saka iku, Asmarandana isiné wuyung lan samubarang kang magepokan karo tresna.

Gegaraning wong akrami
Dudu bandha dudu rupa
Amung ati pawitané
Luput pisan kena pisan
Lamun gampang luwih gampang
Lamun angèl, angèl kalangkung
Tan kena tinumbas arta

Sabtu, 23 September 2017

KINANTHI

Dinten senen tanggal 11 september 2017 kula sinau sekar kinanthi. Kinanthi menika salah satunggaling tembang macapat ingkang racaké dipun angge raos bingah, katresnan, kaliyan kawicaksanan. Kinanthi saged ngemu teges gegandhèngan tangan kaliyan saged uga jeneng sawijining kembang. wonten ugi ingkang nggandhèngaken kinanthi klawan Maskumambang. menawi maskumambang kangge tiang jaler ingkang nembe diwasa, kinanthi menika kagemestri

Anoman mlumpat sampun
praptêng witing nagasari
mulat mangandhap katingal
wanodyâyu kuru aking
gelung rusak awor kisma
ingkang iga-iga kêksi

Jumat, 22 September 2017

GAMBUH

Dinten senen, 4 september 2017 kula dipunajari sekar gambuh. gambuh inggih menika sekar madya. Gambuh punika ateges jumbuhaken (nggambuhi ateges nglarasaken) tegesipun ing gesang bebrayan kita kedah jumbuhaken ing kahanan, lan kawontenan ugi empan papan kalawau

Sekar gambuh ping catur
kang cinatur polah kang kalantur
tanpa tutur katula tula katali
kadaluwarsa katutuh
kapatuh pan dadi awon

Kamis, 21 September 2017

Serat Pakeliran Jangkep Lampahan "Wahyu Purbasejati"





Fisik
a.       Irah-irahan                        : Serat Pakeliran Jangkep Lampahan “Wahyu Burbasejati”
b.      Penganggit                       : Purwadi
c.       Kacithak dening               : CV. Cendrawasih
d.      Kacithak warsa                : 2007
e.       Kacithak wonten              : Sukoharjo
f.        Cacahing lembar              : 108 lembar
Serat kanthi irah-irahan Serat Pakeliran Jangkep Lampahan “Wahyu Burbasejati” dening Purwadi menika saking samak ukuranipun kiranglangkung (20 x 15) cm. Lajeng saking perpaduan wani menika sae sanget. Wonten nginggil menika warni abrit ingkang dipunpadu kaliyan warni cemeng. Pamilihan warni kagem tulisan menika ugisae sanget. Katon kepenak dipun sawang. Wonten tengah samak menika ugi wonten gambar wayang inggih menika lesmana. Buku menika meawi wonten online shop naming Rp.15.000,- ananging menawi wonten toko buku ing jogja menika Rp. 17.000,- .wonten ing lebeting buku menika wonten gambar-gambar wayang naming pethak kaliyan cemeng kemawon, boten worna-warni. Kertas ingkang dipun agem menika ngagem kertas novel, satemah pamaos nyaman nalika maos. Lajeng alur saking cariyos menika nginaaken alur maju.

Cariyos
Raja Baladewa rawuh kepanggih kresna lajeng cariyos menawi panjenenganipun pikantuk sasmita saking dewa. Nalika panjenenganipun saweg sare mirsani sinar ingkang memancar dipun kruyuk handaru. Lajeng krisna kasuwun paring panjelasan babagan sasmita kasebat. Krisna boten kersa njelasaken sasmita kaebat, naming sanjang menawi wahyu Purbasejati badhe mandhap. Lajeng Baladewa dipun ajak pados wahyu kasebat. Salajengipun Kresna kaliyan Baladewa semedi wonten candhi Gandamadana.
Raja wonten Tawanggantungan ingkang gelaripun Prabu Dasakumara (sukma Dasamuka) paring dhawuh dhumateng Megayitna (Aukma indrajit) madosi Sembadra wonten Dwarawati. Lajeng megayitnya kaliyan prajurit jin dbidhal dhateng Dwarawati.
Arjuna sowan dhateng Resi Abiyasa ing Wukir Retawu. Arjuna dipundhawuhi supados bidhal dhateng Gandamadana, amargi Wahyu Purbasejati badhe mandhap. Arjuna bidhal kaliyan Punakawan. Wonten mergi dipun ganggu kaliyan jin ananging saged dipunkalahaken. Raja Puntadewa nyuwun dhumateng Bima supados madosi Arjuna, amargi sampun dangu kesah saking Amarta.
Hyang Guru dipun sowwani dening Hyang Narada, Ramawijaya ugi Lesmana (ingkang sampun alus). Lesmana kaliyan Ramawijaya dipun dhawuhi mandhap dhateng donya. Lajeng dipunkawal Hyang Narada ugi Hyang Basuki.
Bima kepanggih Anoman lajeng nyueun pirsapapan penjelmaan Wisnu. Lajeng Bima ngendika, meawi Ramajaya menika menjelma dhateng Krisna. Anoman nyuwun supados Bima kersa ngeteraken dhateng Dwarawati. Bima purun ananging Anoman kedah ngeteraken madosi Arjuna.
Juru kunci candhi Gandamadana ingkang asamanipun Jembawan kaliyan Trijaya. Panjenenganipun tiangkalih menika nengga Baladewa kaliyan Kresna ingkang saweg tapa. Wahyu menika wonten sanginggiling candhi menika, lajeng mlebet dhateng awakipu Baladewa ugi Kresna. Narada lajeng gugah Baladewa kaliyan Kresna paring pirsa menawi wahyu sampun mandhap dhateng panjenenganipun Baladewa kaliyan Kresna. Wahyu Purba menika mandhap dhateng Kresna lajeng wahyu mandhat menika mandhap dhateng Baladewa, lajeng wahyu sejati menika dhateng Arjuna. Lajeng Baladewa nyuwun pirsa kenging menapa ingkag tapa naming tiyang kalih, ananging kok ingkang pikantuk menika tiyang tiga. Narada nerangaken bilih Arjuna menika langkung rumiyin tapa wonten mriku.
Arjuna dumugi lajeng paring pakurmatan dhumateng Narada. Bima kaliyan Anoman rawuh kaepanggih Jembawan. Lajeng cariyos wiwit saking pisah ngantos perang Alengka purna. Anoman ugi ngabdi woten Dwarawati. Krisna lajeng nampi. Salajengipun sedaya kondur dhateng Dwarawati.
Raja dwarawati nrima laporan, bilih Sembadra dipunculik. Arjuna lajeng kesah ngoyak maling ingkang nyulik sembadra. Ingkang nyulik menika Megayitna. Arjuna saged ngrebut Sembadra lajeng digantos dening anoman. Ananging Megayitna saged lolos lajeng kondur dhateng Tawanggantung. Dumugi istana megayitna sanjang menawi sampun mbekta sembadra, ananging ingakng dipun persembahaken dening prabu Dasamuka menika Anoman. Raden Dasamuka menika murka, lajeng perang. Dasamuka dipun lebetaken wonten penjara wesi ing gunung Ngungrungan. Rajakresna kaliyan kluwarga Pandhawa rawuh, perang nglawan Megayitna. Megayitna saha prajuritipun kalah. Anoman dipun dhawuhi tapa wonten Kendalisada. Wonten Dwarawati Raja kresna kaliyan Pandhawa ngonjukaken raos syukur ingkang ageng.

Kalangkungan buku
Buku kanthi irah-irahan Serat Pakeliran Jangkep Lampahan “Wahyu Burbasejati” menika anggadhahi kalangkungan inggih menika cariyosipun menarik, boten monoton, satemah pamaos boten bosen
Pangapesanipun buku
Serat Pakeliran Jangkep Lampahan “Wahyu Burbasejati” menika ugi anggadhahi pangapesan, inggih menika ngginakaken basa ingkang awrat, satemah pamaos kedah maos serat serat menika kanthi teliti ugi dipun bolanbaleni. Pamaos ugi kedah anggadhi kosakata ingkang kathah.
Saran
saran meanawi badhe maos serat menika langkung saged mangertosi wosipun kanthi leres menawi kaliyan mbekta bausastra. Amargi serat menika serat pakeliran.